TATA CARA NANDUR PANTUN
1.
Panyiagan
Wiji Pantun (pawinihan)
Ndamel pawinihan anggrupekaken
tumindak wiwitanipun nandur pantun. Ndamel pawinihan mbetahaken kasiagan
ingkang sae, sebabipun winih wau ingkang nentukaku tuwuh ngrembakanipun pantun,
pramila pawinihan kedah dipun gatosaken sanget. Supados pikantuk winih ingkang
sae. Pawinihan dipuntindakaken kanthi nyebar wiji kanthi radin wonten ing
bedhengan ingkang ngemot toya ingkang cekap ananging mboten ngembong. Ing dalem
3 dumugi 4 dinten, wiji sampun thukul. Winih ingkang sampun umur 3 minggu kala
wau sampun siap dipun tanem. Bibit ingkang sampun dipun dhaut, dipun kempalaken
lan dipun tangsuli/dipun benteli lan dipun banjar wonten sabin.
2.
Panyiagan
Sabin
Menawi mangsa rendheng sampun
dumugi, among tani sami nyiagaaken sabin. Wonten ing wekdal mekaten,
pengolahanipun siti ingkang nggadhahi tujuan supados kahanan siti sabin cocok
kaliyan taneman. Pengolahanipun siti sabin wonten mepinten-pinten tataran,
kadosta : ndamel resik sabin, macul ,ngluku lan nggaru sabin.
3.
Pananeman
Pantun
Wonten ing tataran punika, bibit
pantun ingkang sampun umur 17 dumugi 25 dinten badhe inggal dipun tanem.
Ingkang kawitan inggih menika dipun atur (biasanipun dipun atur jejer-jejer
utawi dipun banjar). Ingkang ngemu tujuan supados anggampilaken wekdal
pananeman pantun wonten sabin. Biasanipun dipun atur kanthi let ingkang sami.
Utawi let 20 cm tamanan setunggal kaliyan setunggalipin. Bibit dipun tanem
wonten siti pasabinan ingkang lebetipun toya kirang langkung 10 dumugi 15 cm.
4.
Pamiaranipun
taneman
Sak sampunipun dipun tanem, mangka
taneman badhe tuwuh ngrembaka wonten wekdal 3 dumugi 4 minggu. Wonten wekdal
mekaten pantun kedah pikantuk toya ingkang cekap, kedah dipun rabuk, lan kedah
dipun watun. Supados pantun mboten risak.
5.
Panen
Pantun
Pantun biasanipun saget dipun undhuh
utawi dipun panen udakawis 4 dumugi 5 wulan. Wonten ing wekdal mekaten, pantun
sampun kebak isinipun lan warninipun sampun jene. Biasanipun wpnten ing
pradesan taksih ngginakaken piranti tradhisional, inggih menika ani-ani kagem
nganeni pantun. Sak sampunipun di pun panen, pantun dipun rontokaken saking
wulenipun, kanthi cara dipun gepyok utawi dipun iles
Tidak ada komentar:
Posting Komentar